Alang-alang iku tanduran suket-suketan kang
urip ing ara-ara utawa dhadhah kosong. Sanajan uripé ing ara-ara nanging
alang-alang bisa dadi obat werna-werna penyakit.,
Akèh zat kimiawi kang migunani kanggo keséhatan ditemokaké ing alang-alang.
Zat-zat mau yaiku manitol, glukosa, sakharosa, malic acid, citric acid, coixol, anindom, lan liya-liyané.Kang
kena dianggo obat
yaiku godhong lan
oyoté alang-alang. Loro-loroné bisa dianggo nalika isih seger utawa wis
digaringaké Saka hasil uji laborat, bisa kabuktèkaké yèn
alang-alang uga nduwéni èfèk farmakologis,
têgêsé tanduran iki nduwé sifat anti pirètik kang bisa gawé adhem yèn awak lagi
panas,hemostatik kang
bisa ngendhegna pendarahan, ngilangké rasa ngelak, diuretic
yaiku sifat peluruh kemih supaya mlebu ing
meridian paru-paru, lambung lan usus
cilik.Suket kang bisa urip nganti taunan iki nduwéni godhong kang
pucuké lincip dawa lan ana luguté. Godhong kang lagi semi wujudé lincip landhep
kaya eri. Tanduran alang-alang wité cendhék, godhongé lincip lan nduwéni
kembang. Ana uga kang godhongé ijo kecampuran biru kembang térong utawa wungu.Dhuwuré
kira-kira 0,2 - 1,5 m. Godhong
alang-alang awujud godhong kang mlengkung kaya pita kang dawa nanging
pucuké lincip. Dawa godhongé kurang luwih12-80cm, pinggiré kasar lan landhep. Kembangé mirip
kembang tebu
nanging ukurane luwih cilik, dawané kurang luwih 6-28 cm. Kembang alang-alang ana
wuluné kang bisa mabur nalika wis garing.
Mandi lan
Mujarab
Alang-alang kalebu tanduran obat. Godhong lan oyot alang-alang bisa kanggo
tamba penyakit hépatitis Kejaba kuwi alang-alang uga bisa kanggo obat
penyakit batu
ginjel, infèksi
ginjel, lan kencing batu.
Alang-alang uga bisa kanggo gawé alus kulit, nggampangaké nguyuh, kanggo obat darah
kotor, nambah nepsu mangan, mampetké getih yèn lagi tatu, obat penyakit
kelamin kayata nguyuh nanah,
nguyuh getih, lan raja
singa, penyakit ginjêl,
tatu, awak panas, hipertènsi,
pênyakit sarap lan stroke.
Pênyakit kuwi kabèh bisa diobati nganggo oyot utawa rimpang
alang-alang. Wit alang-alang uga bisa kanggo pakan kéwan,bahan
kanggo gawé kertas, lan
obat penyakit kulit kaya kurap, lan
kadas. Ing
jaman ''modern'',
alang-alang uga digawé tablèt siap minum.
Kena ing
Guna
Alang-alang bisa dadi obat werna-werna
penyakit.Alang-alang nduwé zat-zat kimiawi kang diprelokaké manungsa.
Alang-alang kanggo obat radang ginjel.
3. godhog
nganti banyuné kari segelas.
4. banyu
sari alang-alang banjur diombé.
Alang-alang kanggo obat mutah getih.
2. kêthok-kêthok
lan godhog karo telung gelas banyu.
3. godhog
nganti banyuné kari segelas.
4. banyu
sari alang-alang bisa diombé sawisé adhem.
No comments:
Post a Comment